Zodiak Terbaru 2013 Versi Jawa [Ngakak]

Zodiak Persi Jowo Gress 2013!! Maaf yang gak bisa bahasa jawa, silahkan tanya temen yang bisa bro.

Berikut Zodiak terbaru 2013, Versi Jowo:

1. PIRGO
Penggawean singcocok: dodhol blewah karo jengkol. Keuangan: dedel duwel. Asmara: mbok yo golek sing rodho genah lan waras.

2. AKUWARIYUS
Penggawean sing cocok: Dodol ondho karo gedek. Keuangan: nyilah-nyilih tonggo. Asmara: Sedelok engkas jomblo, dikepret calon mertuwo.

3. PISKES
Penggawean sing cocok: mikuli galon, mangkal ngojeg nang protelon. Keuangan: Ledeh kabeh, kakehan nogel. Asmara: jare morotuwo: "aku golek mantu tp gak koyok raimu!!"

4. ARIYES
Penggawean sing cocok: angon wedhus, mbecak. Keuangan: kakehan utang, tombok terus. Asmara: upgrade-en disik dapuranmu.

5. TAWURUS
Penggawean sing cocok: Ngarit pakan wedhus, dodhol klepon. Keuangan: kapusan konco dewe. Njaluk diruwat. Asmara: gak payu2, ganti pelet karo menyane.

6. GEMINI
Penggawean sing cocok: Nyuluh welut, golek bekicot. Keuangan: ngedoli warisan mertuwo. Asmara: gak jelas sir2ane lanang opo wedok.

7. KANSER
Penggawean sing cocok: Macul, angon bebek, golek jangkrik. Keuangan: sekarat, atene bangkrut. Asmara: gak ono sing gelem, modal cupet dompet ngapret.

8. LEYO
Penggawean sing cocok: dodolan suket karo dodolan daster. Keuangan: mbrebet. Asmara: ati2 bakal kepelet bintang film kartun.t

9. LIBERA
Penggawean sing cocok: ngorek2 larahan nek gak dadi tukang golek beling. Keuangan: gak enthos golek duwik. Asmara: malem minggu sir2anmu ngidam menek talang.

10. SEKORPIO
Penggawean sing cocok: Ngelapi genthenge tonggo. Keuangan: podo mlarate, dikuras copet. Asmara: duwe sir2an engkrik-engkrik'en.

11. SAGITARIYUS
Penggawean sing cocok: Ngresiki kakus, nek ono wektu nyopeto. Keuangan: bojo purik njaluk mulih nang mertuwo. Asmara: ditempilingi ae karo bojomu.

12. KAPRIKORN
Penggawean sing cocok: Dagang krupuk upil. Keuangan: Nguwatirno, waspada tukang panci nagih! Asmara: hambar, pacar mu njaluk rebonding kelek, ajuuur mumur...
Zodiak Terbaru 2013 Versi Jawa [Ngakak]
Posted by: Risalahati Dedic Ahmad Updated at: 09:56
Zodiak Terbaru 2013 Versi Jawa [Ngakak] RISALAHATI , By Risalahati, Published: 2012-12-27T09:56:00+07:00, Title: Zodiak Terbaru 2013 Versi Jawa [Ngakak], Rating5 of 8765432 reviews

No comments:

Post a Comment